Kerdip Lentera

Rubrik Kerdip Lentera merupakan wadah karya bagi seluruh warga SMKN 1 Bojonegoro. Rubrik ini akan terbit pada akhir pekan. Silakan menulis puisi, cerpen, komik, maupun karikatur dikirimkan ke tim Jurnalis. (ilustrasi:ngertiaja.com)/vol.7

Wis sawetara dina iki pikirane Karto Suseno tansah menak-menik. Saben-saben mung nyawang hape, mbukaki Whatsapp, lan ngenteni telpun ngomah muni. Kaya-kaya ana sing dienteni. Saben-saben telpun omah muni, gagenan anggone mlayoni lan njawab kanthi semangat makantar-kantar, bareng ngerti yen sing telpun dudu wong sing dikarepake, omongane banjur nglendheh kaya Basudewa ilang gapite. Karto Suseno, petani sukses ana ing desane, omahe telu, mobile katon njenggereng ngisi garasi, dadi siji karo mobile anak lan mantune sing diparkir rapi. 

Omahe omah kayu modhel lawas, joglo amba, lan gebyog ukiran Jepara sing endah banget. Saben wong sing nyawang  mesthi kesengsem. Omahe adhem nanging ora njembrung. Suket gajah mini ditata edi peni sadawane dalanan tumuju emperan omah. Sisih kiwa emper ngarep diwenehi blumbang mawa air terjun sing kemricik swara banyune, njalari manuk-manuk ocehan kaya cucak ijo, cendhet, lan trucukan sing digantang ana emperan ayem lan sregep ngoceh nglelipur bendarane.

Karto Suseno duwe anak loro lan wis sukses kabeh. Sing mbarep, Tono Wijaya, wis dadi dhokter lan bukak praktek ana omahe dhewe. Jarake mung keletan limang omah saka omahe Karto Suseno. Anake sing nomer loro, Joko Pidegsa, dadi guru olahraga lan wis nampa sertifikasi senajan durung diangkat dadi ASN. Anake sing wuragil iki manggon ana omah sing isih sak njerone pager karo omahe Karto Suseno sing pancen tanahe jembar. 

Karto Suseno kapetung kasil anggone ndhidhik anak-anake. Loro karone dadi wong sing sopan lan tansah ngajeni marang sapadha-padha. Dhasare pancen lantip, mula ya gampang anggone srawung lan golek penggaweyan.

Bali marang anggone ora jenak pikirane Karto Suseno mau yaiku anggone ngenteni telpun pawongan aran Sugik sing jarene kancane tunggal sekolah ana SD biyen.  

“Wis ta Pak, yen kasil mengko mbok wedok iso sampeyan tukokna mas-masan sakilo. Pemilik barang saiki wis ngenteni ana omah, jenenge Pak Anton, bos sepeda motor bekas ana ing Pekalongan. Pembeline ya wis ana sing saguh, jenenge Pak Sungkono saka Surabaya. Lha iki kari aku butuh sangu kanggo nglakoni negosiasi nang Pekalongan kana barang sedina rong ndina, lha nek sampeyan saguh nanggung akomodasiku menyang Pekalongan ateges sampeyan mengko yo bakal oleh persen saka bathine dodol barang iki. Ora tanggung-tanggung lho Pak, iso sak- M mengko yen kasil….” ujare Sugik sinambi ngempak udut sing kari separo.

“Lha barang apa lho Gik? Katone kok njanjekake tenan…” pitakone Karto Suseno gumun.

“Sakjane ya barang lumrah wae, nanging ora umum ampuhe. Kaya ta pring pethuk, nanging  woooooo sampeyan mesthi gawok, paribasan nekakake walet suwe mijet wohing ranti…keciiill, njaluk dhuwit piro wae klakon, trus maneh iki ono keris semar mesem nek iki aku rada sir soale iso gawe pengasihan, yen pengin samurai, lampu gantung antik, wooo ana kabeh Pak. Kari nunggu pembeli, deal, trus cair dhuwit M-M –an, pengin opo wae keturutan…” umuke Sugik karo nyebul keluke rokok saka tutuke.

“Anu Pak, yen oleh aku ngampil hape ne, iki arep kontak karo pembeli saka Surabaya,..sedhela wae Pak, telpun lewat WA kan murah merga wis dipaketno Pak, …pripun?. ..”MMMhhhh…sedhela wae Pak, mengko dak omongi yen iki aku nelpon nganggo nomere kanca bisnis….” teruse Sugik sinambi nyruput kopi suguhane.

Kandha kaya ngono kuwi Sugik banjur nyaut hape sing diulungna Karto Suseno. Banjur ngobrol ngethupyuk karo wong sing dicritakno dadi pembeli barang antike. Suwening suwe kok ngobrol ra uwis-uwis, Karto Suseno mung bisa kukur-kukur, kresah-kresuh karo lungguh. 

“Kepriye Gik, asile kepriye?” Pitakone Karto Suseno abang-abang lambe.

“Wah Pak, sajake kancaku sing pembeli mau ya tertarik karo sampeyan. Wonge titip salam kurmat kagem sampeyan sing sukses dadi petani. Suk yen mrene arep tak ajak mesisan sowan sampeyan Pak.”

“Ooh ngono ya Gik?”  Karto Suseno karo manggut-manggut lan mesem bombong dene mung sawijining tani ndesa nanging arep duwe kenalan bos gedhe saka kutha.

Minggu candhake ora lidok, Sugik ngajak pawongan aran Sungkono sing ngakune teka Surabaya. Sawise jagongan suwe ngalor-ngidul, dumadakan kaya diaba, Karto Suseno banjur mlebu kamar lan gita-gita nyangking dhuwit limalas yuta diulungake marang tamune kuwi mau. 

“Sampun ta Pak Bos, ampun kuwatir, mangke saking Pekalongan kula langsung ngabari panjenengan. Panjenengan dongakake mawon saking mriki, ha..ha..ha..” Umuke pawongan aran Sungkono karo ngguyu banter. Sawise suguhan tatas, wedang kopi kari letheke, gedhang godhog kari kulite, kacang ninggal kulite, lan rokok kari tegesane, wong loro Sugik lan Sungkono banjur pamitan, mlaku mungkur saka omahe Karto Suseno karo rembugan ngglenik sinambi kala-kala ngguyu pating cekikik. 

Saka waliking gordhen, Jaka Pidegsa sing wis mulih saka sekolahan tanpa sengaja meruhi kedadeyan mau.

“Pak,….nuwun sewu, Bapak kala wau maringi arta kagem menapa, kok kalihan ngguyu lakak-lakak kados makaten tiyang menika?” Pitakone Jaka Pidegsa.

“Huss…kuwi ngono Pak Sungkono, Bos gedhe saka kutha Surabaya. Wis ta Le, yen kasil bisnis iki omahmu kae bakal dakrehab dadi luwih gedhe maneh, ternak murai batumu tak gedhekna maneh kandhange Le.” Ujare Karto Suseno.

“Mboten makaten Pak, menapa Bapak sampun tepang sae kalihan tiyang menika?”

“Piye ta kowe iki, Pak Sungkono kuwi wong apik banget, adoh teka Surabaya sing digoleki ya Bapak iki ta le, jajal gak saking apike uwong. Bapak saiki dipercaya dadi penanggung jawab Tim lan donatur utama. Abang ijone tim iki Bapak sing nanggung, malah si Sugik kae wis entek puluhan juta kanggo dana negosiasi barang neng luwar kota le…” Karto Suseno katon mongkog karo kalungguhane saiki.

“Nanging kula kok sajak curiga, uwong kok ngguyu lakak-lakak nalika mertamu to Bapak…” Jaka Pidegsa nyoba miterang.

“Husss ! kowe ora usah kakehan omong, apa kowe ora seneng yen usahane Bapak tambah gedhe, kuwi kabeh ya kanggo awakmu bereng suk mben….wis rasah kakehan rembug!”

Jaka Pidegsa mung meneng, yen Karto Suseno wis kaya ngono kumat wangkale ora bisa dieluk penggalihe. Dumadakan hapene Karto Suseno muni jempling-jempling, banjur diangkat, lan krungu swarane Sungkono.

“Pak Bos, perkembangane transaksi menika dereng wonten asile, pemilik barang nyuwun langkung awis amargi kalawingi wonten ingkang wantun kalih M reginipun……wadhuh pripun nggih menika kula matur njenengan sebagai donatur utama….anu badhe nyuwun tambahan transport kangge proses negosiasi salajenge…..mangke kula WA mawon.” banjur ora keprungu maneh swara saka hapene Karto Suseno. Sing keprungu swara sepedha motor distater lan gita-gita budhal menyang mesin ATM.

Jaka Pidegsa banjur menyat saka lungguhe, sertipikat tanah, mas-masan tinggalane simbahe, lan BPKB sakabehe kendharaan sing dijupuk saka lemari kamare Karto Suseno diwadhahi tas banjur klepat tumuju omahe kangmase.

=======================================


Penulis adalah guru bahasa Indonesia, penulis buku ‘Sastra Jawa Modern dan Seksualitas Perempuan‘ bergiat di sanggar Interlude.