KERDIP LENTERA

Rubrik Kerdip Lentera merupakan wadah karya bagi seluruh warga SMKN 1 Bojonegoro. Rubrik ini akan terbit pada akhir pekan. Silakan menulis puisi, cerpen, komik, maupun karikatur dikirimkan ke tim Jurnalis. (ilustrasi:pandaibesi.com)/vol.4

Selamat Menikmati Cerita Romansa Berbahasa Jawa

BEDHIL TUWA LARAS WAJA dening Safandi Mardinata 

Dakelus-elus bedhil tuwa merek Benjamin. Aku dadi kelingan, Bapak mundhutna bedhil iki nalika  aku mancik munggah kelas loro SMP. Etungane ya wis tuwa amerga aku saiki wis dadi guru ana sekolah menengah kejuruan.

Olehe Bapak mundhutna bedhil kuwi merga weruh karemanku, saba turut sawah, mlaku turut galengan ngetepil utawa mlintheng manuk, bajing, utawa iwak yen pinuju wayah rendheng. Pancen hobiku nalika semana karo kanca-kanca sawise mulih sekolah ya mlintheng manuk emprit lan yen wis oleh akeh banjur dibakar pinggir sawah ngana kae. Rasane jan gurih nikmat suwarga ndonya. Joko, kancaku sing awake methekil cilik paling titis yen mlintheng.

Pancen jaman saiki wis beda yen dibandhingake jaman cillikanku biyen, bocah saiki milih katrem ana omah dolanan hape lan gadget sajenise, nom-noman katrem marung kopi sedina muput karo wifi-an. Ora ana crita bocah padha gojegan ana latar nalika bengi padhang mbulan. Jarang keprungu jerite bocah playon uber-uberan obak sodhor ana lapangan, apa maneh sing padha nembang dolanan, malah kepara langka.

“Lagi ngapa Ton?” Ujug-ujug Bapak wis ana mburiku lan ndangu aku.

“Eh..Bapak, ngantos kaget kula, menika lhe, nembe ngelus-elus bedhil, wonten menapa ta Pak?”

“Awakmu ki daktakoni kok malih ganti takon, hmmm…” Bapak nggleges semu mesem, sinambi ngematne keluk rokok klobot sing mentas wae disedhot.

Pancen wawit jaman cilikanku, Bapak karemane mung rokok klobot, rokok sing dilinting nganggo klobot, kulit jagung enom. Anggone nglintingi karo sila ana lincak empere omah. Wedang kopi, menyok, tela, apadene tales godhog tansah ngancani lan dadi karemane Bapak nalika wektu lodhang.

Pancen yen ngendikane Bapak rokok klobot kuwi alami, ora kaya rokok jaman saiki, sing ngandhut pemutih ana ing kertase, pemanis ana ing filtere, lsp. Aku dhewe ya ora hobi udut, dadi ya mung inggah-inggih wae yen Bapak crita bab karemane rokok klobot. Beda maneh karo Ibu, panjengane paling ora seneng yen Bapak udut ana njero ngomah, dadi yen lagi udut Bapak milih ana teras omah, sanajan Ibu ya asring ngancani jagong sinambi ngrahapi pala pendhem godhog lan wedang kopi kang kumedhul.

“Awakmu kuwi lho saiki wis umur pira?” Pandangune Bapak.

“Wolulikur mangke wulan Juni Pak, wonten menapa ta Pak?” aku miterang

“Sakjane rak ya wis pantes rabi, wong umurmu ya wis mateng, penggaweyan ya nyekel, kendharaan ya nduwe sanajan durung lunas cicilane..ha..ha.”

“Ah Bapak niki saged mawon, menawi perkawis niku kula dereng gadhah pamikiran Pak.” Ujarku sinambi nerusake ngelapi bedhil tuwaku.

“Lha durung duwe pikiran piye, timbangane ngelus-elus bedhil wae rak ya aluwung ngelus-elus bojo ta Ton?”

“sakjane nggih ngaten pak, lha pripun malih…”

“Apa kowe isih kelingan Ira, pacarmu biyen ?”

“ Ha ha ha mboten Pak, wong kula namung di –PHP mawon kok, jare tresna, gelem nampani ati kula sepalih, ananging malah oncat tanpa pamit..hadeeehhhh..”

“Hmmm, … ngono ya?” Bapak mung mesem, banjur nutugake udut ana emper omah.

ilustrasi: Kozio.com

Aku dadi kelingan Ira, kenya lencir kuning, kepara mrusuh resik pakulitane. Yen mesem untune miji timun, pipine ndekik, eseme pait madu, wis ta jare pak dhalang jan kaya luwih rupa kurang candra ngana kae.

Aku kenal Ira wiwitane ya merga nalika saba tegalan mbedhil manuk. Awan kuwi panas banget, nepaki aku liburan kuliah semester enem. Manuk derkuku dakbedhil tepak swiwine, pas nyebloki pawongan lanang setengah tuwa kang nembe njabut menyok alias pohung. Plokkkk, manuk tiba ana pinggire pawongan kuwi mau, lha ndilalah kuwi ngono Pak Karnoto, Bapake Ira sing kagungan tegalan.

Pak Karnoto ketepakan hobine ngingu manuk, manuk derkuku olehku mbedhil  jebul isih urip nadyan tatu swiwine banjur ditembung arep dipundhut lan diupakara. Lha seka kedadeyan kuwi aku banjur tepung karo Ira, sing pranyata sak kampus karo aku ana ing sawijine pawiyatan luhur ana Surabaya, nanging dheweke beda jurusan karo aku.

Saben wayah isuk sarampunge subuhan, aku karo Ira asring mlaku-mlaku, nek gak ngono ya joging, apa mung saderma golek sarapan. Aku dadi sregep yen wayah isuk, amerga arep ketemuan karo Ira, ora tau absen saben setengah enem isuk aku wis ngampiri ana kost-kostane. Suwening suwe banjur tuwuh wiji-wiji katresnan antarane aku lan Ira, ananging kabeh mau cuthel, embuh apa sebabe dheweke banjur njaluk medhot talining katresnan.

Sanalika uripku kaya kelangan daya, saben liwat kost-kostane Ira atiku dadi nratab lan nelangsa, dhuh wong ayu kuwi mboksengaja apa pancen tega. Ananging pangrasa kuwi mau enggal-enggal dakkiwakake, amerga aku sengkud nggarap skripsi, aku kudu enggal lulus lan oncat saka kutha iki, wis daktekati mulih ana desa lan ngabdi ing kana. Nganti seprene aku dadi guru ana sawijine SMK ing kutha kecamatan.

Sawijining dina nalika mulih saka sekolahan, aku sengaja liwat ngarepe omahe Ira. Sepedha motorku sengaja dakgas tipis-tipis supaya mlakune alon. Katon  latar sing gemrining, adhem lan seger hawane amerga Bapak, Ibune, lan Ira dhewe senengane ngrumat tanduran pethetan. Pot-pot isi kembang mawar tinata rapi ana teras, saklebatan daklirik ana kurungan gemandhul isi manuk derkuku, ora pangling kuwi manuk kang disuwun Pak Karnoto rikala semana, anggunge dakrungu ulem nanging banter…”derkukuuu..kuuu……derkukuuu…kuuu…”

Teka ngomah, motor banjur dakjagang ana garasi, tas dakseleh ana kamar, banjur aku menyang jedhing saperlu wisuh. Aku banjur nyaut piring ana rak pawon, nuju meja makan sing dakangen-angen wiwit mulih ngulang mau. Dakbukak isine jangan lodheh tewel, teri goreng, tempe goreng, lalapan timun, lan ora lali sambel trasi senenganku. Sega jagung sapiring tatas dibarengi kringet sing dleweran, alhamdulillah……

Aku banjur menyang teras, ora lali nyangking wedang kopi karemanku, bubar mangan awan ki enake pancen banjur nyruput kopi panas-panas.

“Ton,…Martono…..” krungu pandangune Ibu saka njero omah

“Inggih Bu, kula teng ngemper mriki lho….”

“Ealah Ton, Ibu nggoleki kawit mau jebul wis ana kene..”

“Wonten menapa Bu?”

“Ngene lho, suk Sabtu ngarep apa kowe lodhang?”

“Sabtu ngajeng? Hmmm inggih mbokmenawi, amargi lare-lare SMK sami try out Ujian Nasional, dados kula nggih radi longgar, wonten menapa ta Bu sejatosipun kok wigati sajake ?”

“Ngene lho Ton, Sabtu ngarep ayo ngeterna Bapak lan Ibuk ana daleme Pak Karnoto, kowe saguh ta?”

“Pak Karnoto? RT 18 menika ta dalemipun?”  Pitakonku ragu-ragu.

“Iya, Bapake Ira, kancamu kuliah biyen kae lho, eling ta?”

Wadhuh biyung, lha mengko rak ketemu Ira maneh ana kana, wah….batinku karo kukur-kukur sirah sing ora gatel.

“Inggih Bu, kula emut,…lha badhe wonten acara menapa ta Bu dhateng dalemipun Pak Karnoto?”

“Anu….mmmmm,….arep ana lamaran, Ira arep dilamar, jarene arep diolehne guru opo piye ngono, lha aku lan Bapakmu disambati dadi terima tamu…”

“Oooo, …” Sumaurku karo manthuk-manthuk senajan batinku krasa tambah nelangsa

Ah, lha wong Ira dudu sapa-sapa kanggoku lah apa aku kok ngrasa cemburu, mboyak, wis ben arep rabi karo sapa ta sapa terserah.

Sabtu isuk. Aku budhal sekolah rada gasik amarga jam pitu try out wis dimulai, sadawaning dalan aku numpak motor kanthi kebak pangangen-angen, aku dadi males mulih mengko yen bubar njaga try out, hhhhhhh….nanging kepriye maneh, aku wis kadhung nyaguhi arep ngeterake Ibu lan Bapak menyang daleme Pak Karnoto.

Jam telu sore aku wis siyap. Kemejan bathik, clana jeans ireng, rambut klimis, wis ta pokoke macak gajah tenan aku. Mobil wis siyap ana latar, kari ngenteni Bapak sing nembe telpun-telpunan sajak gayeng embuh karo sapa.

“wis siyap Ton?” Bapak ndangu.

“sampun ready Bapak…he he he…”

“Ayo Bune, iki Martono wis siyap, ndang tata-tata budhal…”

“siyap tenan lho Ton ya.” Ujare Ibu karo mesam-mesem

Aku dadi ora kepenak, kok ora kaya biyasane, pitakon kang kebak samundana kanggoku. Ah wis embuhlah pancene aku ya wis siyap nyopiri, mari acara rencanaku arep nggeblas mulih terus ancang-ancang mbedhili tikus sing ana kebonan, amarga tansah ngrusaki tanduran bae.

Teka daleme Pak Karnoto pranyata uwis rame, sajake keluwarga, sanak kadang, lan para tangga wis padha rawuh.

“Sugeng rawuh Pak Amin, Bu Amin, wee,..lha iki calone jan bagus tenan…wah wah wah..” Pak Karnoto mbagekake, ananging aku tansaya plonga-plongo…iki acara opo lan sing lamaran sopo ???

“Maturnuwun Pak Karnoto,…Ton mrenea le ngger cah bagus.” Bapak ndangu aku maneh

“Gandheng Pak Karnoto iki karo Bapak kanca raket kawit SD, mula nduwe krenteg eee mbesuk yen wes padha gedhene anak-anake padha arep dijodhokake. Lha bareng ngerti yen awakmu sakloron kekancan kawit kuliah lan padha rakete, mula klop…Pak Karnoto banjur rembug mateng karo Bapak lan Ibu yen sida arep njodhok ake kowe sakloron.” Bapak ngendika akeh-akeh, nanging aku panggah durung percaya, sing daksawang mung blegere Ira sing manis lan katon luwih diwasa.

“Hei, diajak ngobrol kok ngalamun wae” Ibu nggablog pundhakku, aku nganti gragapan banjur mesem

“Nanging kula kalih Ira rak nate…”

“Putus? Kuwi Bapak sing ngrencana, karepku Ira ben tutug anggone sinau, lan banjur nerusake S2….nah bareng saiki wis lulus lan wis dadi dosen. Bapak banjur nimbang-nimbang maneh karo Ira sida dilanjut apa ora…lha Ira ya setuju wae wong nak Martono ki ya sregep lan tanggung jawab.” Ujare Pak Kartono karo mesem.

Sidane acara lamaran iku lumaku gangsar, ora ngira yen salawase iki Ira pancen wis dijodhokake karo aku lan dheweke uga ngugemi guneme wong tuwane sakloron. Sore kang dakrasa paling endah ana uripku nalika dadi bujang utawa jomblo.

Bedhil Tuwa Larase Waja

Yen kadhung tresna  arep dikapakna

Penulis minangka pangampu mapel Basa Indonesia, aktif ana sanggar Interlude. karya-karya nate kapacak ana ing Jaya Baya, Panjebar Semangat, Sumatra Barat Post (Jawa Pos Grup), RRI Surabaya, lan sawetara media online. Buku-bukune kang wis terbit antara liya Titip Kangen (2018), Cethik Geni (2018), Jalanidhi (2020), lan Sastra Jawa Modern dan Seksualitas Perempuan (2022).

================================================================================

PUISI-PUISI WAHYU HERDIANA

-Muridku Matahariku-

Pagi itu..
Kulihat senyum matahari
Mengayunkan langkah setapak demi setapak
Menyusuri tanah yang basah, berbatu tajam, dan berlubang menuju ke sekolah..

Senyumnya terus tersungging
Menyiratkan semangat belajar yang tak pernah kering
Langkahnya memburu mengejar ilmu dari sang guru

Anakku..
Lihatlah gurumu tlah bersiap
Gumpalan ilmu tlah ia ramu
Setumpuk diktat tlah ia pahat
Agar engkau mudah untuk menyerap

Wahai anakku..
Lumat habis semua kajian teori!
Genggam erat disiplin ilmu yang ia beri!
dan semaikan dalam relung sanubari

[17/9/2022]

 Dilan memang benar

kemarin rindu itu berceceran di jalan, di gang-gang sempit, bahkan sebagian berhamburan menyumbat selokan di perkampungan kumuh.

lalu angin menerbangkannya ke langit, dibisikkannya kepada bintang dan seisi alam.
Semesta pun mendengar..

dan malam ini Ia membayar rindu itu dengan tunai..lewat temu, aku dan kamu..[17/9/2022]Wahyu Herdiana, pengampu mapel Bahasa dan Sastra Indonesia, aktif di BKK SMKN 1 Bojonegoro.