KERDIP LENTERA

Rubrik Kerdip Lentera merupakan wadah karya bagi seluruh warga SMKN 1 Bojonegoro. Rubrik ini akan terbit pada akhir pekan. Silakan menulis puisi, cerpen, komik, maupun karikatur dikirimkan ke tim Jurnalis. (ilustrasi:hadisukirno.wordpress.com)/vol.3

GEGURITAN SAFANDI MARDINATA

AWAN IKI

Awan iki

Kopi dakrasakake enak

Senajan ora tipete luwak

 

Enak kepenak sarandhuning awak

Beja kemayangan anggonku nyimak

Ungele tembang panguripan

Kang ditabuh udan

Lumantar

Tetes-tetese sandhuwure blarak

 

Srengenge banjur angslup

Nggandheng tekane wengi kang atis

Semburat maneh kangen

Kang tau dakgawa numpak bis

Kangen kang banjur daktulis

Ana salembar karcis

Uga kangen kang tau diampirake ana sawijining tritis

 

Aku bali nyimak

Ungele tembang panguripan

Kang ditabuh dening udan

Banjur nglangut

Bali nyruput

Lan banjur kelingan

Tresnaku sakidule lontar-lontar siwalan

 

Bojonegoro, 11/12/2016

 

SINAU NULIS

 

Sinaua nulis Ndhuk anakku

Lan maca kahanan jaman

Sinaua nulis

Lan maca sikepe liyan

 

Amarga donya tansaya lamis

Kaya kekejere iwak kang ngganda amis

 

Aja mung lungguh

Amarikelu diuja wektu

Aja mung nangis

Sinaua gelis

 

Pang-pang papringan tansah mbagekake

Angin rina lan angin wengi

Sowang-sowang

Tanpa mingket ninggal barongan

 

Bojonegoro, 5/12/2016

 

Ngugemi

“……Aja turu sore kaki…..”

Dakrasa wis akeh kang ngugemi

Kidung edi peni iki

Ananging adoh karo kang sayekti

Pemudha ya nom-noman jaman saiki

Ora turu sore ning meleke madhep tivi

Ora turu sore ning meleke sinandhing wifi

Durung srawung yen durung marung kopi

Durung gaul yen durung sarwa aiti

 

“…ana dewa nglanglang jagad…

…nyangking bokor kencanane…..”

Wekasan tanpa taha-taha

Ngoyak rejeki kanggo awak mami

Kayadene nggurak manuk nalika jaga pari

Nyuwara banter yen durung den andumi

Kalem subasita yen kanthong wis isi

Bebasan pindha mijet wohing ranti

Ngoyak rejeki midak tangan midak sikil

Sirah pangaji rupiah

Nyawa pangaji bandha

Ora perduli nasibe sapadha

Najan kanca tunggal makarya

Den sikut kedhungsangan ngrungkeb bantala

“…isine donga tetulak…”

Banjur mung bisa pasrah

Amarga dredah mung kaya tukarane bocah

“…sandhang klawan pangan/  yaiku bageyanipun wong melek sabar narima…”

Yen bisa dioyak nganti leng semut

Kabegjane liyan lan kabagyan kang samundana

Mung mesem (kecut) nalika ana uwong kang nampa nugraha

Banjur surak ambata rubuh yen ta ana kang nemahi coba

Donya saisine mung sinawang ala

Amarga olehe nyawang mung nganggo kacamata

kang wis burem

Bojonegoro, 30 September 2018

 

SAFANDI MARDINATA, pengampu mapel Bahasa Indonesia. Karya tulisnya berupa puisi, cerpen, geguritan, serta cerkak telah termuat di beberapa media cetak, media daring, dan buku-buku antologi bersama. Buku-buku tunggalnya yang telah terbit; Titip Kangen (MNC, 2016), Cethik Geni (Temalitera, 2018), Jalanidhi (Temalitera, 2020), Sastra Jawa Modern dan Seksualitas Perempuan (Lensa Publishing, 2022), bergiat di Sanggar Interlude.

PUISI -PUISI YAN YAN AL JAUHARI

BERCANDA

Ilustrasi: ragambola.com

Rembulan malam initerselubung mendung

Semburat cahayanya tak menyentuh bumi

Hembusan angin sepoipun tak banyak membantu

Hanya kelelawar lapae yang menengokku sesekali

Seakan mengejekku melihat aku duduk tanpa siapa

 

Ya… Kami sedang bercanda

Kami bercengkerama di penghujung malam

Bersama sepi, sunyi, dan senyap

Jangkrik tertawa sinis melirikku

Jangkrik… aku mengumpat

 

Tuban, 9 september 2022

 

KABARI AKU

Sepeninggal Mentari bermuka muram

Gemulai pancaran cahaya temaram

Menyapa sentuhan angin malam

 

Seiring lambung yang kembung

Semangkuk harapan membumbung

Bagai mabuk kecubung

 

Tatih bisikan parau

Tak semerdu lisan kicau

Gadis perawan galau

 

Wujudmu tak berbentuk

Kala kau lena oleh kantuk

Terpecah hiruk pikuk

 

Kabari aku

Wahai pemalu

Tak tahu malu

 

Aku enggan mengaku

Meski kutahu

Sangat merindu

 

Tuban 16 September 2022

YAN YAN AL JAUHARI, pengampu mapel Bahasa Indonesia, pegiat literasi dan pembina pramuka.